Prolog
(Musik 1 :
prolog)
Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta
raharja. Wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan. Pangeran
kala wau inggih punika putra mahkota ingkang bade nglajengake tahta kerajaan.
Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan. Pangeran
kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi
penggalaman gesang . saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran
ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae
manahipun lan ayu pasuryane.
Bagian 1 :
(musik 2
: di hutan <awal>)
Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan
keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru.
Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika
pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun .
(Dua orang berjalan waspada melihat keatas dan
kebawah, mencari binatang buruan)
Ande-ande Lumut : Jo.. Bejo.. kowe neng endi?
Jo.. Bejo..
Bejo : Pangeran.. Pangeran..
Panjenengan wonten pundi pangeran?
(Berjalan mundur…. Kemudian bertabrakan bersama,
sampai gelimbungan)
Ande-ande Lumut : Aduh.. kowe kui
ati-atio..
Bejo : Hehehe.. ngapunten pangeran..
kula mboten ngertos pangeran enten wingking kula..
Ande-ande Lumut :
Rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.
Bejo :
Wonten napa pangeran….
(Dua orang duduk bersama dan bercerita)
Ande-ande Lumut :
Kok renek kewan dina iki ya?
Bejo :
Injih pangeran sepi sanget…!!!
(Pangeran dan pengawalnya berdiri, Kaget melihat ada
orang di hadapan mereka)
Ande-ande Lumut : Sopo kui jo…
Bejo :
Kula mboten ngertos pangeran.
Ande-ande Lumut : Ngapunten bu , kula bade
tanglet?
(Yang ditanya diam, tidak menjawab, sibuk dengan kayu
bakarnya)
Ande-ande Lumut :
Kulanuwun.. Bu..
(Pangeran mendekat pada mbok rondo, tiba-tiba mbok
rondo kaget melihat pangeran)
Mbok rondo dadapan : Waladalah.. Sopo kowe?
Ande-ande Lumut :
Kula penggembara bu.. ngapunten niki dusun nopo?
Mbok rondo dadapan : Iki dusun dadapan le.. kowe
arep ngapa neng kene?
Ande-ande Lumut :
Kula bade menggembara bu.. ananging kula kasesat mboten ngertos dalane.
Mbok rondo dadapan : Wah.. yo wes..
kowe melu mbok wae pie le ? Tak dadekne anak angkatku yen kowe gelem.
Ande-ande Lumut :
Wah.. injih bu kulo purun bu..
Mbok rondo dadapan : Mulai sekiki kowe dadi
anakku,kowe tak jenengke Ande-Ande Lumut ya le?
(Pangeran bersama dengan pengawal dan mbok rondo pergi
menuju rumahnya)
(Musik
3 di hutan < akhir > )
Bagian 2 :
(musik 4
: dirumah keluarga kleting-kleting <awal>)
Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan
putri-putrinipun. Putri-putri Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane,
piyambake inggih punika kleting merah,kleting hijau ugi salah sak tunggaling
putri tirinipun ingkang nami kleting kuning. Mbok rondo klething sanget
remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging benten kalian kleting
kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun. Kleting
kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ing sawah . Sanget
mrihatinake kleting kuning.
(Datanglah kleting kuning membawa sapu, menyapu dan
mengepel lantai. Duduk di pojok ruangan. Tak lama datang mbok rondo mengawasi
kleting kuning. Disusul sodaranya kelting merah,dan hijau berjalan menuju mbok
rondo)
Mbok rondo Klenting :
Anak-anakku sing ayu-ayu.. rene nduk
Kleting-kleting :
Injih Mbok
Mbok rondo Klenting : Ngene nduk
ana berita sing penting banget
Klenting merah : Berita opo to mbok… (dewasa)
Kleting Hijau :
Injeh mbok enten nopo to?(manja, mendekat sambil memegang tangan mbok rondo
kleting)
Mbok rondo kleting :
Kowe ngerti to… mbok rondo dadapan kui duwe anak sing bagus banget, jenenge
ande-ande lumut.
Kleting-keleting :
Owh.. ande-ande lumut.. Bagus!!!! Wahh gelem no..
Mbok rondo klenting :
Iyo, mbok rondo dadapan gawe sayembara kanggo anake ande-ande lumut sing lagi
goleki garwo pendampinge.
Klenting-klenting :
Wahh, purun sanget bu..
(Kleting merah dan hijau bersama bergaya manja,
centil)
Mbok rondo kleting :
Iyo.. mengko mbok arep dandani kowe-kowe gen dadi putri sing ayu-ayu, sapa
ngerti salah sijine kepilih dadi garwone ande-ande lumut.
Kleting-kleting : Iyo mbok.. purun-purun…
Kleting merah : Wahh mesti aku sing dipilih
mengko, kan aku ayu.
Kleting hijau :
Ora iso!! Mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwone
Kleting merah : Heh!! Aku kan luwih tua saka
kowe, kudune kowe ngajeni aku dadi mbakyumu!
Mbok rondo kleting :
Wes-wes to!! Rasah padu, anak-anake mbok kan ayu-ayu, rasah udur-uduran! Gek
neng njero, siap-siap dowan!
Kleting-kleting : Injih
mbok.
(Kleting merah,hijau meninggalkan mbok rondo dan masuk
kerumah)
Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake pirembugan
saderekipun , datengi mbok rondo lan dialog.
Kleting Kuning : Mbok… kulo bade matur…
Mbok rondo kleting :
Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ?
Kleting kuning : Sampun mbok…, ngenten
mbok… kula inggih kepingin nglamar dados garwone ande-ande lumut kados
mbakyu-mbakyu klenting.
Mbok rondo kletling :
Owh yow wes..rene tak dandani kowe .
(Mbok rondo memberikan angus dan bau-bau tidak sedap
kepada Kleting kuning)
Mbok rondo Kleting :
Yo wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo gone mbok neng kali
kono.
(Mbok rondo mendorong Kleting kuning dengan kasar)
Kleting kuning : Injih mbok…
(Kleting kuning meninggalkan mbok rondo dan menuju
dapur)
Mbok rondo Kleting :
Hahaha.. muga-muga sing ditrima dadi garwone ande-ande lumut yaiku salah
sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning yo!
(keterangan: mbok rondo kleting tertawa
terbahak-bahak, menuju kedalam rumah)
Kleting kuning nampi menapa ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun
dawuhake mbok rondo kleting ditampa kanti lemah manah .
(musik 5 : dirumah keluarga kleting-kleting
<akhir>)
Bagian : 3
(Musik 6 :perjalanan menuju sungai,, suara ghaib
<awal>)
Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel
wonten ladang. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun
damel mboten sae kaliyan mbok rondo klenting. Nanging piyambake ugi Gusti Allah
ingkang ngertos sengkowo piyambake . piyambake ngajengaken Gusti Allah bade
maringi ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun.
Kleting Kuning : Duh… Gusti ngenten niki
geangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi kanti lemah manah.
(Musik 7 : suara ghaib <tengah>)
Suara Ghaib :
Hai… cah wadon ayu.
Kleting kuning : Sopo kui…
Suara Ghaib :
Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu.
Kleting kuning : Ameh ngapa kowe?
Suara Ghaib :
Aku arep menehi kowe pusaka, terimonen mugo-mugo pusaka iki keguna karo kowe.
Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah ayu.
Kleting kuning : Injih matur nuwun
(Kleting kuning meninggalkan sungai dengan membawa
pusaka barunya).
(Musik 8 : suara ghaib <akhir>)
Bagian : 4
(musik 9 : Yuyu kangkang (awal)
Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu
kangkang gesang. Piyambake ingkang nguasani lepen menika . piyambakipun si yuyu
kangkang ingkang julik.
(Yuyu kangkang sang penjaga sungai sedang
mondar-mandir mengawasi jika ada orang datang).
Yuyu kangkang : Hohohoho.. Godong waru ko
bolong-bolong… bocah ayu ko moblong-moblong. Sapa kae sing teko??
(keterangan: kemudian datang Kleting Merah dan
hijau menuju pinggir sungai)
Kleting merah : Wah… kaline banjir…
Kleting hijau :
Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??
Kleting merah : Kosek-kosek…….kae ono yuyu
kang-kang to????
Kleting hijau :
Wah… iyo.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu
Kleting merah : Iyo.. Yuyu kangkang… yuyu
kangkang…
Yuyu kangkang : Hahaha… ana apa cah ayu…
Kleting merah : Yuyu kangkang… aku jalok
tulung kowe….tolong sebrangke lewat kali iki yo…
Yuyu kangkang : Wah…abot banget kui, tapi enek
syarate cah ayu….enek imbalane
Kleting merah : Imbalane opo to…kon mbayar
nganggo duit?? Wah kowe kui moto duitan…
Kleting hijau :
Yo wes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..
Yuyu kangkang : Dudu duit…aku ra doyan….
Hahaha
Kleting-kleting : Prett….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar